Serat Wedhatama - Anak Tanjakan

Berbeda dengan harta, ilmu dapat menjagamu kapan saja.. @anak_tanjakan

Breaking

Sunday, January 28, 2018

Serat Wedhatama

Serat Wedhatama mujudake karya sastra gagrag anyar kang digolongake dadi karya moralitasdidaktis kang antuk pengaruh islam. Serat iki dianggep sawijining puncak estetika sastra jawa abad ke-19 lan duweni karakter mistik kang kuat. Wujude serat wedhatama yaiku tembang, kang digunakake wektu kuwi.

Serat Wedhatama iku sawijining kasustraan Jawa gagrag anyar kang ngamot falsafah Jawa mligine bab kawruh manunggalipun kawula Gusti. Seratan iki kaserat dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang miyos kanthi asma Raden Mas Sudira ing dina Senen Pahing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, Windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa tahun Masehi 3 Maret 1811.

Image result for kgpaa mangkunegara iv
KGPAA Mangkunegara IV

Tembung Serat Wedhatama dumadi saka telung wanda; yaiku:

1. Serat, duweni teges tulisan utawa kasustraan. 
2. Wedha, tegese kawruh utawa piwulang. 
3. Tama, dumadi saka tembung utama kang tegese becik, dhuwur utawa luhur.

Dadi Serat Wedhatama duweni teges: sawijining sastra kang ngemot kawruh piwulang kautaman uga kaluhuran uripe manungsa. Serat Wedhatama kalebu sawijining sastra jawa sing banget misuwur lan unggul utamane ing babagan tata negara lan 90 pada liyane panembah marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Satus pada ing serat wedhatama awujud tembang macapat, yaiku:

1. Pangkur kang dumadi saka 14 pada yaiku pada I-XIV.
2. Sinom kang dumadi saka 18 pada yaiku pada XV-XXXII.
3. Pocung kang dumadi saka 15 pada yaiku pada XXXIII-XLVII.
4. Gambuh kang dumadi saka 35 pada yaiku pada XLVIII-LXXXII.
5. Kinanthi kang dumadi saka 18 pada yaiku pada LXXXIII-C.

Surasa wigati piwulang ing Serat Wedhatama bisa kaperang dadi 4 yaiku:

1. Piwulang etika, watak kang becik lan watak ala kang kandhut ing pupuhpangkur.
2. Piwulang ukum, kang katulis ing pupuh Sinom.
3. Piwulang ngelmu lan amal kang katulis ing pupuh Pocung.
4. Piwulang panembah (ibadah marang Gusti Kang Maha Kuwasa) kang kakandhut ing pupuh Gambuh.

No comments:

Post a Comment